Jumat, 16 November 2012

Wajang Beber

Posted by Unknown on 00.54 with No comments

WAJANG BEBER





             Wajang Beber iku ija kena diarani gambar wajang sangka daluwang utawa mori.ginambaran wayang miturut apa lakone.Jaiku gegambaran tjaritane lelakoning wajang,mung pada kawudjudake sakpedjagong utawa sak adegan,dene kang kawitan disik dewe,diarani sak djedjeran,dadi ing dalem sak lakon ija nganti ana antarane nembelas adegan.kabage papat,ing dalem patang adegan digulung dadi sakgulung,dadi saklakon ana patang gulung,dawadahi peti dawa,jaiku kang minangka dadi kotake Wajang Beber iku mau.Mungguh wudjude kaja kang katjeta ing gambar iki gambar iku mudjudake rong adegan,kang sisih kiwa anggambarake ing Tumenggungan,Kyai Tumenggung Tjonatjani sekalijan katekan Dewi Sekartadji.Dene gambar kang sisih tengen  anggambarake wujud kahananing pasar gede ing Tumenggungan,ana wong ambarang terbang (kentrung) nganti gawe gumune wong sakpasar,dene kang ambarang,jaiku Djaka Kembang Kuning karo Ki Naladre lan Tawangalun.Dewi Sekartadji nonton ana sangisoring witwitan kang ajom,bareng weruh Djaka Kembang Kuning badjur sumaput.Ing saduwuring sang Dewi,ana gegambaran kang minangka kanggo tetenger titimangsaning tahun tjandra.Arupa gambar wong wadon njugokake geni,kanggo ngetengake srabine,tumuli ginarap ing wong lanang,jaiku tukang djuru amek iwak,kang arep ngedol iwake ana ing pasar kono ing sarehning isih wantii gagat bangun,dasare isih adem hawane,tumuli njedaki ngiras melu api-api.Ing sarehning isih sepi durung akeh wonganane ija mung wong bakul srabi,kang lagi anggeneni srabine iku mau,bandjur sembranan prenesan.nganti kelakon kena digarap
            Mulabandjur dadi unen –unene kanggo sengkalan tahun tjandra kang unine : Gawe Srabi Djinamah Ing Wong,jaiku ngutjapake tahun tjandra,1614.Munggah asal mulane wajang beber kang isi lakon Djaka Kembang Kuning iku,sangka desa Karangtalun.
           Mungguh Wajang Beber kang di kandakake dening Pak Sarnen jen wajang iku paringan sangka prabu Brawidjaja ing Madjapahit kang kaparingake marang Ki Naladerma,minangka dadi gandjaran anggone ngusadani gerahe sang putri,iku salah.Sabab ora tjotjog karo tjandra-sangkala kang ana sadjroning gambar wajang iku mau.Wajang Beber lakon Djaka Kembang Kuning iku pambabare nalika tahun Djawa 1614,iku wus djaman Kartasura,kang djumeneng Kangdjeng susuhunan Mangkurat,nalika samana nudjuijasa wajang buta.Endog kang mudjudake tahun djawa 1605.Ing mangka wajang beber tahune 1614.dadi katjek 9 tahun isih tuwa Buta Endog.Dadi Wajang beber Djaka Kembang Kuning Iku benere mung ijasan Kartasura bae,dudu asal ijasan sangka djaman Madjapahit.
Revisi By :Faridanisa.com
Referensi :Bauwarna kawruh wajang djilid 2, hal 107-109 kahimpun R.M.SAJID
PENERBIT “WIDYA DUTA” SURAKARTA 1958

0 komentar:

Posting Komentar